Influenza

Influenza
Klasifikasi lan bahan-bahan èksternal
TEM saka virus influenza, digedhèkaké kurang luwih tikel kaping 100.000.
ICD-10 J10, ICD-10 Chapter J|J11
ICD-9 487
DiseasesDB 6791
MedlinePlus 000080
eMedicine med/1170  ped/3006
MeSH D007251

Influenza, kang luwih ditepungi kanthi sebutan flu, wujud lelara nular kang disebabaké déning virus RNA saka famili Orthomyxoviridae (virus influenza), kang nyerang unggas lan mamalia. Tandha-tandha kang paling umum saka lelara iki yaiku ndredheg, mriyang, perih tenggorokane, perih otot, sirah abot, watuk, lemes, lan malaise.[1]

Sanajan asring kijolan karo lelara mèmper influenza liyané, mligi selesma, influenza wujud lelara kang luwih abot tinimbang selesma lan disababaké déning jinis virus kang béda[2] Influenza bisa nimbulaké eneg, lan muntah, mligi ing bocah-bocah,[1] nanging tandha-tandha mau luwih asring ana ing lelara gastroenteritis, kang babar pisan ora ana gegandhèngané, kang uga sok-sok kanthi ora trep diarani "flu weteng".[3] Flu sok-sok bisa nimbulaké pneumonia viral kanthi langsung uga nimbulaké pneumonia bakterial sékundhèr.[4]

Lumrahé, influenza ditularaké liwat udara liwat watuk utawa wahing, kang bakal nimbulaké aerosol kang ngandhut virus. Influenza uga bisa ditularaké liwat kontak langsung karo tai manuk utawa umbel, utawa liwat kontak karo lumahan kang wis kena kontaminasi. Aerosol kang kagawa déning udara (airborne aerosols) dinuga nimbulaké sapérangan gedhé infèksi, sanajan jalur panularan endi kang paling duwé peran sajeroning lelara iki durung cetha temenan.[5] Virus influenza bisa diinaktivasi déning sinar srengéngé, disinfektan, lan deterjen.[6][7] Asring ngumbah tangan bakal ngurangi risiko infèksi amarga virus bisa diinaktivasi karo sabun.[8]

Influenza nyebar menyang saindhenging donya sajeroning epidemi mangsan, kang nimbulaké pepati 250.000 lan 500.000 wong saben tauné,[9] malah nganti mayuta-yuta wong ing sapérangan taun pandemik. Rata-rata 41.400 wong mati saben tauné ing Amérikah Sarékat sajeroning kurun wektu antara taun 1979 tekan 2001 amarga influenza.[10] Nalika taun 2010 Pusat Pangendhalian lan Panyegahan Lelara ing Amérikah Sarékat ngowahi carané nglapuraké prakiran pepati amarga influenza sajeroning 30 taun. Saiki Pusat Pangendhalian lan Panyegahan Lelara nglapuraké yèn ana kisaran angka pepati wiwit saka 3.300 nganti 49.000 pepati per tauné.[11]

Telu pandemi influenza dumadi nalika abad karongpuluh lan wis niwasaké puluhan yuta wong. Saben pandemi mau disababaké déning munculé galur anyar virus iki ing manungsa. Asring uga, galur anyar iki muncul nalika virus flu kang wis ana nyebar ing manungsa saka spésies kéwan kang liya, utawa nalika galur virus influenza manungsa kang wis ana njupuk gen anyar saka virus kang lumrahé nginfèksi unggas utawa babi. Galur unggas kang diarani H5N1 wis nimbulaké kakuwatiran munculé pandemi influenza anyar, sawisé kamunculané ing Asia nalika taun 1990-an, nanging virus mau durung évolusi dadi wangun kang nyebar kanthi gampang saka manungsa-menyang-manungsa.[12] Nalika sasi April 2009 sawijining galur virus flu anyar ngalami évolusi kang ngandhut campuran gen saka flu manungsa, babi, lan unggas, kang ing awalé diarani "flu babi" lan uga ditepungi minangka influenza A/H1N1, kang muncul ing Mèksiko, Amérikah Sarékat, lan sapérangan nagara liya. Organisasi Kaséhatan Donya (WHO) kanthi resmi ndhéklarasikaké wabah iki minangka pandemi nalika tanggal 11 Juni 2009 (delengen pandemi flu 2009). Dhéklarasi WHO ngenani pandemi tingkat 6 wujud indhikasi panyebaran virus, dudu abot-ènthèngé lelara, galur iki sajatiné duwé tingkat mortalitas kang luwih asor tinimbang wabah virus flu biyasa.[13]

Vaksinasi marang influenza lumrahé sumadiya kanggo wong-wong ing nagara ngrembaka.[14] Kéwan ingon unggas asring divaksinasi kanggo nyegah tumpes tapisé kabèh kéwan ingon.[15] Vaksin kanggo manungsa kang paling asring dipigunakaké yaiku vaksin influenza trivalen (trivalent influenza vaccine [TIV]) kang ngandhut antigen kang wis dimurnèkaké lan diinaktivasi marang telung galur virus. Lumrahé, vaksin jinis iki ngandhut matérial saka rong galur virus influenza subtipe A lan siji galur influenza subtipe B.[16] TIV ora duwé risiko nularaké lelara, lan duwé réaktivitas kang asor banget. Vaksin kang diformulasikaké kanggo setaun mungkin dadi ora èfèktif kanggo taun sabanjuré, amarga virus influenza ngalami évolusi kanthi rikat, lan galur anyar bakal rikat nggantèkaké galur kang sadurungé. Obat-obatan antivirus bisa dipigunakaké kanggo nambani influenza, neuraminidase inhibitor (kaya ta Tamiflu utawa Relenza).[17] .

  1. a b "Influenza: Viral Infections: Merck Manual Home Edition". www.merck.com. Dibukak ing 2008-03-15.
  2. Eccles, R (2005). "Understanding the symptoms of the common cold and influenza". Lancet Infect Dis. 5 (11): 718–25. doi:10.1016/S1473-3099(05)70270-X. PMID 16253889.
  3. Seasonal Flu vs. Stomach Flu by Kristina Duda, R.N.; Diakses 12 Maret 2007 (Website: "About, Inc., A part of The New York Times Company"). So-called "stomach flu" is sometimes also called "24-hour flu." Neither one is actually flu and are instead unrelated gastroenteritis.
  4. Ballinger, MN.; Standiford, TJ. (Sep 2010). "Postinfluenza bacterial pneumonia: host defenses gone awry". J Interferon Cytokine Res. 30 (9): 643–52. doi:10.1089/jir.2010.0049. PMID 20726789.
  5. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Brankston
  6. Suarez, D; Spackman E, Senne D, Bulaga L, Welsch A, Froberg K (2003). "The effect of various disinfectants on detection of avian influenza virus by real time RT-PCR". Avian Dis. 47 (3 Suppl): 1091–5. doi:10.1637/0005-2086-47.s3.1091. PMID 14575118.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  7. Avian Influenza (Bird Flu): Implications for Human Disease. Physical characteristics of influenza A viruses. UMN CIDRAP.
  8. Jefferson, T.; Del Mar, C.; Dooley, L.; Ferroni, E.; Al-Ansary, LA.; Bawazeer, GA.; van Driel, ML.; Nair, S.; Foxlee, R. (2010). "Physical interventions to interrupt or reduce the spread of respiratory viruses". Cochrane Database Syst Rev (1): CD006207. doi:10.1002/14651858.CD006207.pub3. PMID 20091588.
  9. Influenza (Seasonal), World Health Organization, April 2009. Diaksès 13-02-2010.
  10. Jonathan Dushoff; Plotkin, JB; Viboud, C; Earn, DJ; Simonsen, L (2006). "Mortality due to Influenza in the United States — An Annualized Regression Approach Using Multiple-Cause Mortality Data". American Journal of Epidemiology. 163 (2): 181–7. doi:10.1093/aje/kwj024. PMID 16319291. Dibukak ing 2009-10-29. The regression modhèl attributes an annual average of 41,400 (95% confidence interval: 27,100, 55,700) deaths to influenza over the period 1979–2001.
  11. Julie Steenhuysen (August 26, 2010). "CDC backs away from decades-old flu death estimate". Reuters. Dibukak ing 2010-09-13. Instead of the estimated 36,000 annual flu deaths in the United States... the actual number in the past 30 years has ranged from a low of about 3,300 deaths to a high of nearly 49,000, the CDC said on Thursday.
  12. "Avian influenza ("bird flu") fact sheet". WHO. February 2006. Dibukak ing 2006-10-20.
  13. World Health Organization. World now at the start of 2009 influenza pandemic. http://www.who.int/mediacentre/news/statements/2009/h1n1_pandemic_phase6_20090611/en/index.html
  14. WHO position paper: influenza vaccines WHO weekly Epidemiological Record 19 August 2005, vol. 80, 33, hal. 277–288.
  15. Villegas, P (1998). "Viral diseases of the respiratory system". Poult Sci. 77 (8): 1143–5. PMID 9706079.
  16. Horwood F, Macfarlane J (October 2002). "Pneumococcal and influenza vaccination: current situation and future prospects". Thorax. 57 (Suppl 2): II24–II30. PMC 1766003. PMID 12364707.
  17. World Health Organization, Global Alert and Response (GAR), Antiviral drugs for pandemic (H1N1) 2009: definitions and use, 22 Dhésèmber 2009.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search